Kalis Ing Sambikala

A Ahmad Shiddiqi
0 Altın Yaprak
mega malang nutupi sang surya omah joglo wus kobong dadi areng geni mubal sak gumuk klakon ngejur ngremuk brandhal kecu kang nganggo klambi sarwa ireng ireng ndobrak ngobong mrawasa wewangunan lan sato kewan tuwa enom cilik gedhe padha pating njlerit mlayu ngalor ngidul ngetan ngulon padha nggolek panguripane sowang sowang rombongane Ki Buyut Dipaprawira numpak jaran abang jaran ireng nyasak alas gung liwang liwung ing sak ngisore wit trembesi kang wus atusan taun umure golek papan kanggo leren lan ngiyup plong atine bareng krungu wangsulane ingkang mantu nek sakrombongan wus slamet ora kurang sawiji apa kanthi praupan mongkog lan gumbira pawongan klambi ijo iku den rangkul banjur nyuwara radha geter sedhela maneh wadya bajobarat mesthi nututi mrene awake dhewe kudu waspada ayo padha andum pagaweyan sapa sing jaga sapa sing leren Kali Opak banyune mili bening iwak iwak pating sliwer macan loreng katon ngombe jangkrik genggong padha nembang Kinanthi sumungkem memuji Gusti merga kabeh wus klakon kalis ing sambikala

Bu şiire çeviri ekle ·

Bu şiiri puanla

Henüz puan verilmemiş

Yıldıza dokunarak 1–10 arası puan ver

Yorumlar

Yorum yapmak için giriş yapmalısın.

Giriş yap

Bu şiire henüz yorum yapılmamış. İlk sen ol.

Sana daha iyi bir okuma deneyimi sunabilmek için sitemizde çerez kullanıyoruz. Kişisel verilerin KVKK ve GDPR kapsamında işlenir; hangi çerezlere izin verdiğini dilediğin zaman değiştirebilirsin.