Samba Juwing

A Ahmad Shiddiqi
0 Altın Yaprak
rina wengi ngengleng lara asmara saka bangeting nandang branta lan kangen nora nate ketemu adoh kang den antu ana ing njero bumi Praja Trajutrisna sawijining wengi rembulane ndhadhari padang jingglang sang bayu sumilir lintange mencorong kaya sunaring Hyang Rawi ing tengahing pendhapa kasatriyan sang binagus ngadheg dhewekan ngalamun panyawange adhoh dumadakan karawuhan wanodya ayu alus manuhara pangandikanira gelem sabiyantu nemokake karo pujaning ati impening rasa kareben klakon nyunthak sih tresna nanging kudu saguh mlaku ngarep tan kena ndeleng mburi kocaping carita klakon lumaku mlebu guwa ngener mangisor peteng ndhedhet lelimengan mboko sethithik murup cahya saya suwe saya padhang sang satriya ngungun ing penggalih boya apa sababe bisa kaya mangkono lali karo wewalere banjur noleh mburi nyumurupi ana wanita nglegena duka yayah sinipi nuli disepatani dumadakan peteng maneh sang anom nerusake jumangkah nrabasa tumuju Taman Sari pungkasane pinanggih kang den galih sak nalika padha rerangkulan ngesok kabeh prentuling asmara pepasihan lali marang kawaspadan wis tekan jantraning mangsa konangan ingkang garwa den juwing juwing kuwandanira sirna marga layu njrebabah ing bantala kena kanggo piwulang ing bebrayan agung sapa wae kang wani ngrusak pager ayu kudu ketaman paukuman ingkang abot sanggane

Bu şiire çeviri ekle ·

Bu şiiri puanla

Henüz puan verilmemiş

Yıldıza dokunarak 1–10 arası puan ver

Yorumlar

Yorum yapmak için giriş yapmalısın.

Giriş yap

Bu şiire henüz yorum yapılmamış. İlk sen ol.

Sana daha iyi bir okuma deneyimi sunabilmek için sitemizde çerez kullanıyoruz. Kişisel verilerin KVKK ve GDPR kapsamında işlenir; hangi çerezlere izin verdiğini dilediğin zaman değiştirebilirsin.